KEMBANG LAMBE

KEMBANG LAMBE 
“Jones”
(Jomblo Ngenes)

  Dening Ully.C


      Saben keprungu tabuh gamelan panggih panganten, Surasaning athiku katon sumpelah banget. Embuh geneya athiku gela, sing jelas awitane amerga nganthi tekan saiki umurku telung puluh enem tahun, durung nemu pacangan sing bisa ngrakup athiku lungguh jejer sesandingan ing papan kuwi, iya kuwi lho papan panganten sing dak idam-idamake nalika umurku pat likur taun kepungkur. Kursi-kursine ditata apik, didekor nganggo reroncenan kembang-kembangan. Pangantene lungguh jejer adhep-adhepan terus dulang-dulangan. Enake lungguh ana ing kono aku mbayangake, Bapak lan Ibu sumringah nyalami para tamu undangane sing ilir teka gumanthi.

     “Mbak Wati, lha kok malah ngalamun? Iki ditampa dhisik amplop titipan saka bu dukuh, kebeneran jare ana acara sing barengi dina iki dadi ya dititipake aku.” Bu Prapto maringake amplop sing ana tempelan jenenge, “Ibu Widyowati.” Aku gragapan kaget, tanganku gemeter nampani amplop banjur dak tulis ana ing daftar tamu. 

      “Mung dhewekan mbak Wati nunggu kene?.” Pitakone rada klisikan. “Tamune akeh yo?.” Bu prapto takon nlesih.

      “Kanca kula tunggu kotak daftar tamu nembe mawon mlebet istirahat.” Tak jawab singkat. Bu Prapto mantuk-mantuk, “Oh, ngono.” Bu Prapto sakrombongan tamu jejer gantian ngulungake amplope siji-siji. Kancane sing keri nimpali barengan mlaku.

      “Hmmm..sajake tamune akeh tenan, ayo ndang golek lungguhan.” Kanca barengane sing rombongan watara wong lima banjur mlebu, lungguh ngisor tenda. 

      Bareng metu saka tarub Bu Prapto nyedaki aku karo njawil lengenku. “Mbak Wati, kapan iki? Aja suwe-suwe mundak kedhisikan murid-muride lho!” Ngomong ngono mau Bu Prapto sakanca pada ngguyu cekikikan klisik-klisik karo kancane. “Wati kok ya mesakne temen, prawane yu Parto, prawan tua ning desane sing isih legan, kamangka kanca-kancane padha wis duwe bale somah anak loro prasasat malah luwih.” Rombongan kuwi banjur ngguyu cekikikan, ora nggagas aku babar blas kepiye rasane athiku.

      Aku mung meneng mesem sithik, nggeget lambe gregetan. Sakwise acarane rampung aku pamit mulih, dak serahke tugas jaga kotak daftar tamu karo kancaku dina candhake. Kandha yen sesuk ora bisa ngancani amerga radha meriang. Padahal athiku sing ora kuwat, ngrungoake guneming liyan. Surasaning liyan, yen aku iki prawan tua sing durung payu, nganthi tua gulungan uwan durung duweni pacangan. Pancen rada kasar, nanging iki kasunyatan sing kudu dak adepi.

     Tekan ngomah, aku terus ambruk ning kasur. Nangis sesenggukan. Geneya wong-wong kuwi ora ngrasakke apa sing ana ing athiku? aku ya kepingin urip bebrayan, kepingin bale somah, kepingin duweni anak sing lucu-lucu, kepingin masakke kanggo bojoku, nggamit tangane bojoku, njawil pipine…ah. 

     “Apa merga aku kerep gawe gela lan gawe tatuning athine para priya ?” Mripatku tlumawung kosong, pikiranku ngambra-ambra nganthi tekan kejadian sing wis kepungkur.

**
      “Dik Wati, sesuk yen lulus SMA arep nglanjutke kuliah ngendi ?” Mas Bagus ujug-ujug takon lan wis tekan emperen omah arep lungguh.

     “Kapan tekane? Kok ngerti-ngerti wis ana sandingku.” Batinku grundelan merga rada ora seneng. Rada kaget merga aku lagi asyik nyirami kembang mawar, nganti ora ndenangi tamu sing teka terus lungguh neng kursi emperan omah. 

    “Oh, panjenengan mas Bagus kula wastani nek sinten. Kula badhe nglajengaken wonten Pendidikan guru.” Jawabku cekak karo arep mlebu, wegah suwe-suwe ngobrol ana ing kono, apa maneh karo mas Bagus kanca kantore bapakku.

    “Dadi perawat wae yo, cocok lho dek Wati.” Mas Bagus ngguyu karo namatake aku ora kedip. Aku sebel yen ditamatake kaya mangkono iku.

    “Boten mawon.” Jawabku anyel nggurit. Mas Bagus katon ora nesu tambah ngguyu, malah sajak mbebedho olehe nguwasake saya dipandheng. Sing di pandheng klicutan mecucu mangkel. Kebeneran bapak wektu iku ndjur metu, mesti mas Bagus gek ndang budal kantor pikirku. “Haraa…Lhak malah sewalikane.” Kandhaku lirih. Saka jaban omah keprungu suarane 
bapak sing seru.

     “Wati, gawea unjukan kopi kanggo mas Bagus gawanen mrene yo ?” Sida ketemu maneh karo mas Bagus, anyel banget rasane merga kedadean mau.

     Mas Bagus, sanadjan isih enom nanging jabatane sak dhuwure bapak. Lulus kuliah nganggo gelar sarjana hukum magang ing sawijining pemerintahan ndjur keangkat. Pancen durung suwe pengangkatan pegawai negerine, dheweke dipindah tugas saka kuta Malang menyang Boyolali.

     Ibu nate crita, yen mas Bagus kuwi naksir aku. Dheweke kepengin aku dadi sisihane. Nanging merga aku isih kelas XII SMA, dheweke saguh sabar ngenteni tekan nganthi aku lulus. Bareng aku ngerti ceritane Ibu, donya kaya kiamat. Aku babar blas ora setuju. Umurku wektu iku isih 18 taun, durung mikirake nikah apamaneh malah omah-omah karo priya sing umur-umurane meh padha ibuku. 

     Yen jare kanca-kancaku, “Apa ujare donya? Wati prawan ayu kembang desa gelem dirabi kakek-kakek !” Pikiranku semono cekakke wektu iku. Kamangka, mas Bagus iku ya ora kurang baguse, praupane bagus temenan padha kaya jenenge, irunge bangir, pancen ireng manis pakulitane, rambute lurus sisir rapi disugar sisih mumburi. Semono uga solahe sopan. Sederhana sanadjan wis sarjana sing wis cekel gawe minangka pegawai negeri, idam-idamane wong tua jaman semono. Jarene ibu, mas Bagus kuwi kaya titisane prabu Kresna. Gandheng aku ora seneng, ya kabeh mau kesilep dening cekaking pikirku sing durung dewasa.

    Saben-saben mas Bagus esuk ngampiri bapak, aku wegah salaman. Polatanku mbesengut. Diajak guneman, mung nyauri sakenane. Sakabehing tindakanku suwe-suwe gawe bapak lan Ibu mangkel marang aku.

    “Gawe wirang wong tua  kowe, Wati. Ora kena tumindak ora sopan mengkono karo mas Bagus. Kudu ngurmati marang liyan. Begjamu, mas Bagus kuwi ora gampang nesu.” Ujare Ibu. Aku mung tumungkul meneng ora sumaur, athiku kebacut mangkel. Nanging tak akoni pancen bener kandane ibu.

     Ibu mbacutake, “Thok kira gampang apa golek jodho pegawai negeri? Jaman saiki biasane sing duwe jabatan ora saben pawongan gelem, kudu ayu tur pinter. Mula yen mas Bagus kuwi gelem arep jejodhoan karo kowe, sing ngathi-athi tumindakmu aja nggegoreh athine mundhak ora sida. Yen ora sida jan eman-eman ibu-bapak sing gela.”

    “Ibu…mas Bagus wis tua ! mosok ya aku rabi karo wong tua !” Celathuku sengal nadyan karo ibuku, sing jelas wektu iku kahanan athiku panas.

     “Hush, tua apa? Genah isih muda teruna kaya mangkono, wis mapan maneh, pokokmen rugi yen ora gelem !” Cep klakep aku meneng kalah omongan, tak sawang ibu mesem menang.

    Seminggu sawise, Aku tambah kaget campur mangkel. Awan-awan nalika aku bali seka sekolah, mas Bagus usung-usung perkakase menyang omahku, ana apa?. Kandhane ibu, jare merga olehe ngekos mas Bagus wis entek kontrake. Arep pindah kontrakan liya sing luwih jembar jarene. Sadurunge entuk kos anyar karo milang-miling golek sing jembar sekitar kantore, bapak nulungi mas Bagus ngenggoni kamar mburi. Ya, etung-etung balas budi. Wong mas Bagus kuwi kerep banget mbiyantu kekurangane keluargaku. Seko urusan dapur, nganthi dhuwit SPP ku sing lagi wae tak ngerteni dibayari mas Bagus. Yen ngerti, trima nunggak bayaran sekolah.

     Sedina-dina ketemu mas Bagus, nganti yen aku lagi sinau ing meja belajar cerak kamar tamu, dheweke ngadeg nyetentheng nunggoni karo etok-etok maca buku.

      “Lagi sinau ya dek Wati ?” Pitakone sing kudune tak jawab, ora tak jawab aku mung meneng umak-umik maca nadyan ora tenanan sinau. “Ndang, sumingkir tho!.” Batinku sumrepek. Sepisan maneh dheweke sajake ora ngerti yen sing diajak guneman mangkel, 

      “Sinau pelajaran apa tha? Yen ana bab sing angel bisa tetakonan aku.” 

     Ora ngerti apa yen aku risi banget wektu iku, olehku sinau dadi buyar kabeh. “Kula badhe mlebet kamar, nuwun sewu mas badhe liwat !” Kursi tak geser banjur ngadhek, mlaku mlebu menyang kamar. Lawang kamar tak tutup rada kasar. Jederrrrr. Mas Bagus mung mesem 
terus lungguh, neruske anggone maca karo gedhek-gedhek sajake rada kuciwa.

      Apa salahe mas bagus? Aku kok tega tumindak ora becik kuwi. Sakjane perang antarane batin cilikku. Wong durung mesti mas Bagus iku ngesir aku, kok aku wis angkuh nangadubillahhh. Kelewat kebangetan angkuhe.

     Sawijining dina mas Bagus kena demam, awake panas sakodjur. Dheweke saka sangkan paran adoh, ora dhuweni sanak kadang ing Boyolali iki. Sing dianggep sedulur ya keluargaku iki. Mula bapak-Ibu sing ngrumat mas Bagus, diopeni kaya keluarga dhewe. Ibu gopo-gopo kongkonan aku supaya tuku obat ana ing warung. Kok ya aku malah jingat-jingat wegah. Mas 
Bagus krungu.

     “Mboten usah tumbas obat buk, namung migraine sekedhik  kok. Mangkeh menawi sampun istirahat rak pun mari. Dek Wati ora sah menyang warung !” Kandhane mas Bagus lirih, rada abot suarane karo watuk-watuk. Aku dadi mesakke, ora tegel nyawang praupane sing malih sayu.

   “Kok ora kepiye, genah panase dhuwur ngene. Gek ndang tho Wati menyang warung!” Kandane Ibu rada mbengok. “Nggih pundi artane !”Aku langsung menyat menyang warung cerak omahku.

      Durung jangkep rong minggu, mas Bagus wis entuk kos-kosan anyar. Athiku ayem, wis ora ana sing ngganggu maneh. Saben dina sawise iku, bapak yen ngantor wis ora diampiri mas Bagus maneh, merga Mas Bagus entuk kos sing luwih cerak karo kantore. Yen dolan mung seminggu pisan dina Sabtu utawa minggu. Kerepe ing dina Sabtu. Saben dolan mesthi gawani oleh-oleh panganan. Dheweke tetep isih seneng nggodha aku, malah sansaya nemen. Ora ngerti yen sing digodha saya mangkel.

     Nalika aku kuliah sengaja aku duweni pacar, jenenge Dani. Awitane mung sepele kanggo manas-manasi mas Bagus, supaya ora ngganggu aku maneh. Saben malem minggu, Dani sing ngesir aku kawit semester 1 mesthi ngapeli. Mas Bagus rada gela, praupane dadi beda, biasane nggodha aku saiki mung meneng mentelengi.

      “Wis semester pira mas?”. Pitakone mas Bagus marang Dani.

      “See..se mester 2 pak.” Jawabe Dani cekak rada gelagepan.

    “Oh, isih semester 2. Wis nyambut gawe? Apa isih disangoni wong tua !” Aku rada isin pacarku dijajaki pitakonan mangkono kuwi. Mas Bagus katon mandhengi menteleng.

     “Dereng pak..!”. Mas Dani rada sumaur lirih keweden.

    “Durung duweni gawe wis wani ngapeli, Isih diragati wong tuane sekolah. Kok ya anake ora duweni welas asih !” Dani langsung meneng krungu kandhane mas Bagus sing sajake kaya misuh-misuhi dheweke. Rada lirih aku kandha, “Ora sah dirungokake, ya !”

     “Bocah isih mambu kencur !” Mas Bagus langsung nyetater motore mulih.

    “Kuwi mau paklikmu? wah, medeni tenan kaya hansip wae.” Arep tak sauri dudu, nanging yen jujur Dani mesthi nesu terus ora ngapeli yen malem minggu.

      Sawise iku mas Bagus ora tau dolan neng ngomah babar blas. Aku seneng banget. Sithik-sithik aku ngrasa cocok karo Dani. Ya, mung kanggo sampiran ngono pikirku.

     Isih krasa teles banyu ombak ngenani sikilku. Ombak gede sing pating gemulung, ngerti-ngerti terus ambyur ing pasir. Gemrunduling banyu nyambar karang makaping-kaping. Pasir putih katon teles. Putihe pasir iku anggambarake kaya dene tresnaku lan dheweke wektu iku. Ing pasir putih iku padha peplayonan, nadyan dudu bocah cilik maneh. Nerjang jangkahi ombak sing pating gulung-gemulung teka. Terus dheweke nyikep awakku. Anget rasane, isih mbekas nganti seprene.

      “Aku tresna marang sliramu, Wati !” Keprungu dheweke mbisiki lirih ning kupingku.

      “Semono uga aku luwih tresna Dani !” Jawabku lirih ora nutupi yen pancen iku sejatine rasa athiku wektu iku.

      “Mula saiki resmi jadian, ya ?” Tangane ngelus pipiku arep ngesun karepe, nanging durung nganti tekan tangane wis tak kibaske. Aku mlayu ngadohi dheweke.

      “Iya, saiki awake dhewe jadian !” Aku mbengok bungah sakencenge, mlayu terus dheweke ngoyak ing pinggir ombak sing gulung-gemulung teka. Dheweke kasil nyekel tanganku, “Nah kecekel saiki !” Tanganku digegem kenceng. Ora kuasa, awak sing mung cilik iki kebacut banjur wis ana sikepane. Krasa dadane deg-degan, nafase sengal-sengal merga peplayonan mau.

     “Aja kurang ajar, Dani. Ora merga saiki aku dadi pacarmu terus bisa sakarep tindakanmu marang aku. Ora kena nyikep, apa maneh ngesun !” Aku nesu terus rada mrengut.

    “Ora cah ayu sayangku, iki merga reflek bungah athiku. Aku seneng banget bisa dadi pacarmu, mula ora bisa nutupi kahanan athiku. Rasane mung pengin nyanding terus. Pangapuramu yo sayang !” Panjaluke dheweke niru paragane pangeran William karo Kate Midleton yen nggamit tanggane mesra lan romantis kae…….

      Romatise aku lan Dani ora suwe. Pancene tenan, Dani mung dadi sampiran ana ing cerita kasmaranku. Rasa sambung tresnaku sing tau tuwuh ilang saknalika. Aku duweni pacar liyane. Mula aku medhotake sepihak. Dani kuciwa banget awit iku. Nganthi sewulan ora mangkat kuliah. Aku ora nggagas, ora perduli. Jahat tenan aku wektu iku.

      Lulus kuliah, aku banjur keterima nyambut gawe dadi guru honorer. Bola-bali aku medhot pepacanganku, merga durung ana priya sing miturutku cocok dadi pacanganku. Kamangka umurku wis telung puluh taun, kanca-kancaku siji-siji wis padha omah-omah. Adhiku wis pada omah-omah. Luwih nggurit maneh yen ana muridku sing wis nyebar undangan. Krasa yen aku wis tuwa banget. Kepingin baleni suasana biyen, yen aku ora jual mahal, ora nglarani mas Bagus, Dani lan priya liyane…. Keprungu kabar yen mas Bagus wis nikah, bojone dadi dosen. Anake wis 2. Dani uga wis mulya duweni perusahaan, kabare malah pacare artis. Aku durung nemu pangeranku. Yen tak pikir, Jodho ing donya iki kasunyatan ora bisa sempurna. Arep golek sing sempurna? iku mokal.

     Suwe-suwe aku resah, saben ketemu kanca sing wis nggandheng anake. Kanca guru sing padha ngomongake perkembangan anake. Akeh pitakonan,”Mbak Wati kapan nyebar undangan ?” Ibuku uga terus-terusan nakokake, “Gek kapan tho, Wati ndang duwe bojo? aku wis kepingin duweni putu.” Aku bingung kudu kepiye jawabe. Sing luwih teges, saiki akeh priya sing malah banjur nyingkiri aku alon-alon. Akeh wae alesane medhotake. Oh, aku antuk piwales saka tumindhakku biyen.

     Sesambungan karo mas Padang Rembulan. Priya sing kanggoku sempurna. Ya, iki priya sing dak idam-idamake. Nanging tanpa sebab, dheweke medhotake tali katresnanku. Rasane sedih. Saben-saben mung katon eseme wae. Kuciwa? Iya. Banjur kudu kepiye yen diterusake, yen pancene mas Padang Rembulan ora duweni tresna marang aku tenanan.

     Nalika iku aku lan mas Padang Rembulan nate janji prasetya saklawase.”Ojo lali lho dek marang janjimu, tunggu aku bali !” Kandhane Mas Padang Rembulan marang aku karo njawil pipiku.

     “Ojo sumelang mas, tenan !” Jawabku karo mesem.

     Warung bakmi pinggir kali kae, pinangka saksi. Kerep wong loro, lungguh sore-sore nunggu angsluping surya. Wah, endah wayah iku. Sumunar werna jingga campur biru langit kang abyur. 

    Suwe dheweke ora kirim kabar kamangka wis ana handphone, dalah jejaring sosial utawa BBM sing luwih gampang. Eluhing netraku ora bisa dibendung, dheweke teka jujur yen ora tresna aku maneh. Mas Padang Rembulan……..

     Suwung rasane athiku, kena diarani yen wiwit iku sambung tresnaku endinge mesthi patah hati. Begjaku, sasuwene sambung katresnan jiwa ragaku isih utuh, durung tau nindhakake sing ora bener. Bubar karo mas Padang Rembulan, aku move on istilahe jaman saiki mbukak athi kanggo priya liya.

     Saiki aku sesambungan karo Priya jenengane Faisal, umur-umurane sak adhiku adoh. Aku telung puluh enem dheweke selawe taun. Sepisanan ketemu ana ing toko buku, ora ngira priya sing yen nyenyandhang amburadul iku dadi pacarku. Dudu aku sing nyedhaki, malah dheweke sing kepengin serius. Jarene, ora nggagas masalah umur. 

   Yen durung kenal Faisal kuwi katon kaya cah nakal, bocahe cengengesan nanging wawasane luas, pemikirane uga luwih dewasa tinimbang aku. Dheweke serius, jujur lan romantis. Nadyan amburadulan, dheweke tetep nindhakake salat. Malah kerep ngelingake aku, wayahe salat. Iku sing marahi aku kesemsem marang dheweke, merga pribadine sing becik ora gumanthung ing penganggone. 

   Pegaweyane isih buruh nulis Freelance. Faisal mono penyair nyambi nyinau seni rupa. Mulane, dheweke pinter gawe larik-larik puisi. Saben esuk, bengi puisine katon ngebaki BBM ku. Dhasare aku seneng dirayu. Jujur aku tresna banget marang dheweke.

   “Mas Faisal, serius tho karo aku? Kapan arep dolan neng omahku? Emm..ketemu bapakku”. 

    Panguneg-uneg rasa sing ngebaki pikiranku tak udarake. Dheweke meneng sauntara rada suwe.

  “Aku ki serius dek, nanging aku perlu persiapan.”Aku mung meneng, dheweke mbacutake,”Butuh persiapan mental, finansial…wong omah-omah kuwi kebutuhane akeh.”

    “Umurku wis telung puluh enem taun sasi iki, aku wis tua. Bapak-Ibuku wis ora kanthi !” Aku njlenterehake kanthi jujur lan gamblang.

    “Dadi merga umur? Dek Wati pengin cepet-cepet ningkah. Dek Wati aja ngrasa tua, sliramu isih enom, isih ayu.” Kandhane ngayem-ayemi.

   “Mas Faisal isih muda, lha aku? Rambutku wis uwanan, untu ku uga bakalan ompong kabeh?….” Eluhku netes siji-siji, Faisal ngrukep aku sedela karo ngguyu mleseh,”Aku yo tak uwanan lan ompong ben padha !”. Aku mbacutake, “Mas Faisal, menawa ora saguh cepet nglamar aku, yen ana sing cepet teka aku ora janji bakal setia.”

   “Dek Wati ora saguh nunggu aku?” Pitakone ngagethi sing nujem ing athi.

    “Tekan kapan aku kudu nunggu jenengan mas ?” Dheweke meneng, aku nunggu jawabe ora kanthi.

    “Tekan nganthi kabeh siap, aku durung ngerti kapan. Aku mung bisa pasrah, yen sliramu nglalekake aku. Aku pancen durung siap, isih adoh panjangkaku kanggo omah-omah saiki. Yen ana priya sing becik teka luwih dhisik tenan, kepiye?”

     “Aku bakal nglalekake sliramu mas.”

    “Tenan? nglalekake aku tenan?”.

     Faisal banjur ora ana kabare maneh, nomer handphone ora bisa dihubungi. Owalah, mung semono tresnane. Kerep ana nomer anyar nyasar sms, “Dek Wati kepiye kabare? aku isih tresna sliramu, apa wis nglalekke aku?” yen dibales ndjur ora mbalesi, sms ngleledek. Saiki aku kudu bisa nglalekke Faisal, kudu sadar yen umurku wis telung pulung enem taun. Faisal sing isih muda, isih pengin bebas, mesthine bisa golek sing luwih enom tinimbang aku.

**
     Oh, nganthi tekan wengi ngambra-ngambra pikiranku. Akhire bisa angler tekan subuh. Saiki tangi luwih gasik, sregep nindakake perintah Gusti Allah. Yen jarene ustadz sing tau ceramah ing tv kae, jodho kuwi bisa cepet teka kanthi nyaketi Gusti kang kuasa. Aku pasrah luwih sabar nerima nganthi seprene iki dadi Jomblo akut. Aku pensiun nduweni pacar. Trauma nyambung katresnan? Embuh!.

     Kancaku uga ana sing prihatin sibuk golekake jodho, aku pasrah bongkokan. Ana sing ngenalake duda anak telu, Priya 50 taun sing kaya pendeta.”Arep nggolek sing kaya ngapa tho, Wati?” kancaku melu pusing ngrasakake. Umurku saiki 36 taun wajar yen cocoke yo karo umur-umuran 40 utawa luwih iku. Hah… pancene nasibku ! Yen sasi ngarep sesuk sida nglamar kepiye? Yen ora aku bakal dadi Jomblo saklawase….

Mung sawiji duh kesuma tansah dadi athi
Besuk kapan aku bisa angawula nanging dudu abdi
Jroning nendra duh kesuma mung sira kang kenthi
Gandhes luwes dasar manis marak athi pantes sekar melati
Saya suwe tak rasa ora kuwawa
Sapa bisa ngusadani nggonku larabranta?
Yen tan bisa kaleksanan apa kang tak jangka
Muga-muga pinundhuta…..Aduh nyawa
Uripku tan guna

    “Apa ya ana priya sing setya mituhu marang aku, urip bebrayan saklawase, dadi tresna kang pungkasan? Dhuh Gusti Allah, paringana priya ingkang kula tresnani, priya ingkang damel tentreming athi..…”.

    Eluhku mbrebes mili, munajadku krasa njarem tekan athi. Ora bisa mbayangake yen sasi ngarep sida kekadean dilamar duda iku. Yen ngguyu, untune katon clinnggg nganggo untu pasangan. Durung besoke yen aku dadi ibu sambung. Batinku nggrundel gela marang nasibku.
Para maos aku kudu kepiye? Tak tampa apa ora lamarane duda iku?Apa dadi Jomblo wae 
sateruse?................ (Cunthel).


~Cerkakku  iki kababar ana ing majalah Jayabaya 2015









badge

Komentar