LAYANG ULEMAN

LAYANG ULEMAN
Dening Ully.C

      Layang Uleman werna jambon iku ora geser saka meja, mung saka kadohan kethok mencereng jeneng pangantene, Herdi lan Safira katulis ana ing ngarep amplope. Nalika wanita iku nyedhaki, mak tratap jantunge kaya-kaya mandeg saknalika. Muga dadiya keluarga sakinah mawaddah warrohmah.

      “Apa kudu dak amini tulisan ing layang iki?”. Athine wanita sing maca iku banjur pupus, mandeg anggone maca. Diusapi eluh kang tumetes ing pipine. Ora nyana priya kang saksuwene iki ditresnani, banjur gawe gelaning athine. Athine kaya dipapras ngganggo arit kang landhep, banjur dipecuti.

     “Mas Her, kowe lali karo janjimu…biyen jarene tresna nanging kena ngapa saiki gawe gela, saiki kok iki kedadeane..oh jebul mung semono tresnamu marang aku…..”. Pungkasane Rina ora bisa nerusake anggone maca banjur mung nangis sesenggukan.

      Kelingan susah senenge bebarengan nganthi janji tresna tekaning pati. Sawetara kangene ngrubungi apa maneh  wis seminggu Herdi ora sms dheweke nomere ora bisa dihubungi maneh nambahi gregetan lan jengkel. Kamangka mau bengi iki tanggal 22 Juli, tanggal lahire. Kudune Herdi wong kang sepisan ngucapake marang dheweke. Dienteni nganthi awan, jebul ora ono kabar apa-apa. Malah ana kabar sing nyebutake Herdi arep nikahan. Kabar angin sing seliweran, jebul pancen layang uleman iku bener anane.

      Suasana ing kamare sepi, Rina nggletak lemes ora duwe daya ana kasur. Wengi tansaya agawe angine sumbribit adem. Karo ngamati fotone Herdi biyen siji-siji, nalika sepisanan Herdi naksir dheweke. “Sayang”, Keprungu Herdi yen nyeluk marang dheweke. Oh….kaya ngimpi saya suwe saya kelingan suarane.

      Ora krasa nganti dheweke keturon nganthi esuk. Lawang kamare dibukak ibune. Angka ing jam weker wis wancine kudu siap-siap sekolah.Wiwit dina iku, dheweke banjur manut marang pituture ibune.

      “Sing dikandhakke ibu kae pancen bener, yen mas Her iku seneng gonta ganti pacar. Nganthi Santi kancaku dewe ora dak percayani, merga tresnaku marang mas Her “.

      “Saiki kowe percaya tho Rin, kepiye asline mas Her?”. Celatune Santi marang Rina.

    “Iya, Sin. Saiki aku lagi ngerteni yen aku mung kanggo selingane wae. Nanging aku durung bisa nglalekake, amerga aku wis kebacut tresna. Tak coba nglalekake sithik-sithik”.

      “Pancen angel Rin, nglalekake wong kang kebacut ditresnani, nanging pawelingku, aja nganthi merga masalah iki, kowe banjur lali sekolahmu”.

      “Iya iya San, aku ngerti karepmu kabeh iki tak tampa kanthi ikhlas pancen mas Her dudu jodhoku”. Santi ngrungkep kancane,” Sabar yo Rin”.

       Pinuju dina Senen, tanggal 25 sasi Juli 2013. Nyatane Rina bisa tetep nglungani menyangi undangane Herdi, mantan pacangane saiki. Saknyatane ora bisa nrima kahanan sedih kang ngebaki athine.

      Arum gandane kembang melati, tenda biru lan papan panganten kang ditata maneka warna kembang agawe endahing kahanan. Tamune kebak nganthi ana sing lungguh ana ing njaba tenda. Dalang manten miwiti, suarane alus tur nengsemake, uga tari-tarian sing dilakokake kanthi luwes bestari agawe lali yen wektu iki dheweke lagi ana ing resepsiane mantan pacangane. Temanten sekloron mlaku timik-timik nganggo busana kang gumebyar edipeni dipapag domas nom noman ayu. Penganten Priya katon gagah ngganteng, semono uga penganten putri katon ayu banget. Penganten lungguh ing papan sing endah mau.

      “Oh, kuwi mas Herdi, kudune aku lan kowe mas Her sing ana ing kono saiki”. Pangucape athine Rina, dheweke saya deg degan, gumeteran tangane. Tabuhing gamelan saya nggegurit athine.

      Herdi kaget ngerti Rina ana ing sawijining tamu undangan. Wektu iku amarga akehing tamu sing ngajak salaman, banjur ora ketara Rina maneh. Klisikan ing athine. Bojone njawil, supaya tetep nggatekake tamu sing ngajak salaman.

    Gelising wektu antarane Rina lan Herdi banjur ketekan salaman, kumesar athine sekloron. Saka panyawangane Herdi isih geragapan ora percaya. Sawetara wektu pandeng-pandengan.

      “Mas Her kalian mbak Safira muga dadi jodho saklawase”, pangucape Rina lirih, saktemene ora kuat nanging dikuat-kuatke.

      “Nuwun, dek Rina kowe wis gelem moro mrene. Aku jaluk pangapuramu, aja dadi runtiking athimu kabeh iki dudu karepku. Pawelingku aja nganthi kahanan iki agawe bubar paseduluranmu marang aku”.

      Herdi sadar yen dheweke salah, merga dheweke nglarani wanita sing beda umur 10 taun iku. Nalika iku pancen Rina isih kelas III SMA, Herdi wis suwe lulus kuliahe banjur nyambut gawe dadi karyawan swasta. Wong tuane wis ora sabar yen kudu nunggu Rina lulus kuliah, kamangka Ibune wis sepuh. Panjaluke terakhir Ibu, kudu cepet duwe bojo. Safira, bojone saiki yaiku kancane SMA biyen. Ketemu durung suwe, merga ana reuni sekolah sasi kepungkur, Banjur saya akrab lan cocok. Pancen saknyatane bingung, antarane Rina lan Safira, kabeh padha abote.

      “Aja sumelang mas Her, kabeh iki wis garising urip”. Pangucape Rina banjur dheweke nguculake tangane Herdi sing isih nggegem kenceng. Herdi katon getun, mripate mbrambang ora bisa kewetu eluhe nanging athine tansah lara banget.

      “Aku pancen kaya wong ngimpi merga ora duwe gambaran yen kedadeane bisa kaya ngene, duh Gusti nyuwun pitulungan”. Bathine Rina, ngangen angen kahanan biyen.

      Tabuhan gamelan saya suwe ngalun-alun samar ilang karo jangkah lakune Rina sing nggeblas adoh saka tenda manten iku.

       Suwening suwe sakwise kedadean kuwi kurang luweh limang taun, Rina banjur bisa nglalekake, saya sregep anggone sinau nganthi ora mikir duweni pacar maneh. Pancen akeh kancane sing padha naksir dheweke, nanging dheweke tetep ora gelem. Ya amerga iku dheweke kasil lulus SMA kanthi lulusan terbaik. Sarampunge sekolah dheweke ora nerusake, kerja disik terus daftar kuliah ing Ngayogjakarta saiki.

      Esuk kuwi kebeneran ban motore Rina kebanan ana ing dalan, kamangka wis jam pitu lewat. Kuliah sing sepisanan  ana ing salah sawijining perguruan negeri ing Ngayogja sisih wetan. Rina nuntun sepeda motore nganti gemrobyos kabeh, kira-kira setengah kilo durung ana bengkel sing bukak. Sikile nganti rasane arep semplak, ora mung amarga dalane rusak, ya kerana sepatune sing sesak.

     “Haduh jan apes tenan, dina iki sing kudune masuk jam pertama. Miwiti anggonku dadi mahasiswi anyaran!”.

      Wis ora kuat anggone mlaku, dalane ngenani rada munggah. Saka mburi dumadakan ana sepeda motor mandeg ngaturi pitulungan.

      “Mbak kenging menapa sepedane tho?”. Pitakone Priya sing arep aweh pitulungan ngendhegke motore.

      “Sepeda kula kempes kenging paku mbok menawi !”. Kandane Rina  sambat memelas semu isin, Priya mau terus mudun saka sepeda motore.

      “Monggo kula aturi nderek sepeda kula mawon mbak, supados sepedanipun saged kebeta ing bengkel, bengkelipun tebih lho mbak!”. Pangajake priya mau aweh pitulungan. Rada plong atine Rina antuk pitulungan saknalika.

     “Menapa boten ngrepoti mas?”. Pitakone Rina marang Priya sing katon gagah nganggo seragam kantoran.

      “Boten menapa mbak, kula inggih sejalur dalan menika. Menawi purun sepedane diderek, menika wonten tambang!”. (Karo mbukak jok motore, tambang werna abang kuwi banjur diubetke ing motore Rina dicantokake motere dheweke).

       Begja tenan Priya kuwi nyimpen tali tambang ing jok sepeda motore. Ora suwe wis tekan bengkel, pancen bengkele durung ana sing bukak, nanging priya kuwi banjur mudun lan nggoleki sawijining bengkel sing jebulane isih padha durung bukak. Ayem athine Rina, motore wis digarap tukang bengkele.

      “Wah, matur nuwun sanged mas!”. Kandane Rina

      “Lha, menika badhe tindak pundi?”. Malah genti takon maneh marang Rina.

      “Badhe tindak kuliah mas”.

      “Kuliah wonten pundi?”.

      “Kuliah wonten Universitas Negeri, mas”. Jawabe Rina cekak.

    “Oh, lha menika sejalur mbak kaliyan kula, mongga menawi purun sareng mawon mbak”. Priya kuwi pancen kaya malaikat tenan. Rina tekan kampus kanthi selamet. Jam wolu ngepasi masuk jam pertama. Ora sida dadi telat.

      Bareng motore diparkir jejer ing parkiran. Priya iku namatake Rina, sing ditamatake mung mesem kisinan. Priya iku banjur nyaketi tangane Rina, Rina kaget banget banjur bingung.

      “Nyuwun pangapunten nggih mas, kula boten remen menika ampun kados ngaten…”. Rina mingset semu nesu.

      “Dek, coba tamatake aku tenanan saiki. Kawit mau opo kowe ora sadar yen iki aku?”. Priya iku nyedaki Rina. Rina genti namatake tenanan sopo sejatine priya kuwi.

      “Njenengan….mas Her..mas Herdi !”. Rina rada ora kelingan, saiki mas Herdi katon lemu lan rada ireng. “Owalah…lha aku pangling mas Her karo sampeyan!”. Celathune Rina banjur ngguyu seneng.

      “Dek Rina kowe saiki tambah ayu, wis dadi mahasiswi banjur lali aku yo hehe…., takdongake muga-muga bisa nggayuh cita-citamu kabeh. Aku melu seneng meruhi kahananmu saiki, sepisan maneh aku jaluk pangapuramu yo, dek?”. Priya sing sejatine Herdi iku mesem.

      “Kanggo opo njenengan jaluk pangapura, wong ora nduweni salah kok mas Herdi”.

      “Amerga aku sing jalari dek Rina nganti saiki isih dhewekan, iyo tho?”. Pitakone Herdi karo ngguyu. Rina geragapan nanging isa ganti wangsulan.

      “Satemene aku ora rugi, amerga wiwit iku aku dadi tambah sregep sinau, wis..wis ora sah diteruske”.

      “Dijawab dhisik, dek Rina durung bisa mbukak athine kanggo priya liya tho?”. Herdi nglirik Rina.
      “Apa iya ngono?aku dadi geli krungu kandamu mas Her !”. Rina Ngguyu kekel.

       Priya iku banjur njangkah tambah maju nyaketi Rina. “Ngertia ya, sejatine aku isih sayang banget, luwih susah maneh yen dek Rina isih durung bisa move on nganti seprene”. Sawise kuwi Herdi mungkur pamitan lan lunga.

      “Nek dipikir, aku pancen wis nglalekke mas Herdi. Nanging kena ngapa ya aku isih Jomblo ?”. Celatune Rina ngomong dhewekan.

      Jam pertama kuwi Rina katon kelingan priya sing ngadeg ing ngarepe mau, dadi dosen ing Universitas Negeri. Sakwise perkenalan banjur salaman mahasiswa siji-siji. Tekan mahasiswa absen 20 jenenge Rina Saputri, Pak dosen Herdi banjur mung mesem, Sakloron kisinan amarga kadadean mau esuk.

***

Cerkakku kababar ana ing Majalah Jaya Baya edisi 11 Minggu III November 2014
"Layang Uleman".

Komentar