DIGONDOL DAYANG KUBURAN

DIGONDOL DAYANG KUBURAN 
Dening Ully C


Ilustrasi jeng Ully C
 


Pak Kandar lagi wae bali mudik ing desane. Olehe nyambut gawe wis ana udakara sepuluh taunan ing kuta Jakarta. Dheweke kerja ana ing sawijining Bank swasta, minangka karyawan  bagian kasir. Baline meh ora mesti, bisa sesasi pisan, malah mung sok rong sasi sisan. Kabeh mau ya amerga saka adohe lan ketate aturan ing kantore, sing mung bisa cuti utawa libur telung dina wae saben sasine.

Pak kandar sekeluarga manggon ana ing omah warisan mertuane. Lha nanging ya mapane pinggir desa mepet kuburan. Pancen dalane rame yen ngepasi awan, kerep diliwati penduduk desa. Ana sing arep sekolah, arep menyang sawah. Wira-wiri sepeda motor padha pating seliweran. Dalan sing sepi katon rame. Nanging, yen tumuju srengenge angslup ndenangi bubar maghrib. Wiwit manuk Blekok  keak keok. Manungsa kaya dene pithik angkrem. Sepi nyenyet desane. Hawa asrep atis pegunungan saya gawe memeng. Godhong jati sing tumiyup katon kaya bayangan ireng, mbuh kuwi pancen uwit apa ya pancen buronan.

Omahe pak Kandar pancen strategis, mula Esti bojone banjur bukak warung kelontong cilik-cilikan. Dagangane laris wis mesti disambangi uwong saben dinane ora ketang ana sing mung tuku uyah wae.

Wengi iki pak Kandar rada klisikan. Hawane rumaket sumuk lan panas banget, ora kaya adat sabene. Dheweke banjur mung nganggo kaos oblong karo sarungan. Kipas angin cilik dimurupake ngadep awake. Nanging dheweke isih klisikan, krasa sumuk. Nganti jam sepuluh bengi, pak Kandar durung bisa turu. Pak Kandar ngamatake turune Bojo lan anake sing angler, turune njimprung. Dibenakke kemule anake lanang. Rasa kangen durung bisa mari, kamangka besuk iki wis kudu bali menyang pagaweane ing Jakarta raya.

“Owalah, ngene iki abote golek sandhang pangan kanggo anak bojo. Kangen durung bisa mari, wis kudu budhal menyang kerja maneh !.” Panggresulane pak Kandar.

Mripate dipeksa direm-remake, nanging malah tambah ora ngantuk babar blas. Pak Kandar metu saka peturon kamar. Lungguh ana ing lincak emper ngarep warunge.

Cumlirit suara wit-witan pring sing padha pating benteyotan gathuk mburi omah cerak kuburan. Pak kandar teturan ana ing lincak. Keprungu suara gamelan saka arah wetan, rada ora ketara samar-samar ilang. Biasane yen ora mbah Mardi sing nyetel wayang, ya paling ana pawongan sing duwe gawe. Nyetel rada banter supaya krungu tangga yen ana tayupan.

Rada sauntara krasa hawane seger. Saka dalan sing rada peteng katon cumlorote senter, mbah Mardi nggawa senter sing murupe rada ora patia padhang mung remeng-remeng.

“Kok durung turu le?.” Pitakone mbah Mardi rada banter, yen kanggone wong tua sing umur-umurane wis 70 taun isih cantas banget.

“Dereng mbah, lha ngisis niki golek hawa seger ning njaba omah.” Sumaure Pak Kandar. “Mangga mbah lenggah mriki.” Bacute karo njur lungguhan ana ing lincak.

“Ora wae kok le, mung arep ajak njagong nggone mbah lurah.” Kandane mbah Mardi karo nggandeng tangane pak Kandar. Krasa yen tangane mbah Mardi anyep kaya hawane njaba omah.

“Duwe gawe napa kok ora kabar? Lha niki pun wengi, sesuk mawon kula terke mbonceng motor mbah.” Pangajake Pak Kandar, kudune bojone mau awan ya ngerti yen mbah lurah duwe gawe, nanging kok ora ngomong babar blas. Telung dina ning omah ya ora ana sruwang-sruwing kabar  ana sing duwe gawe ing desane.

 “Gek ndang ayo mangkat, iki lho klambi saline wis tak gawakke !.” Apa sebabe pak Kandar banjur manut wae, mak plenggong Pak Kandar banjur mung gelem, manut nganti ganti nganggo salin batik sing digawa mbah Mardi. Ora bisa nyelak, pak Kandar kaya mung bisa manut wae ngetutake mbah Mardi.

Wong loro padha mlaku rikat lewat dalan ngarep omah, dalan cor-coran semen lawas sing wis akeh sesuketan. Daleme mbah lurah mung 500 meter. Bulan sing isih sak jlarit mono ora bisa madhangi dalan sing peteng dhedet mau. Ora suwe suara gamelan saya santer, daleme mbah lurah wis ketara magrong-magrong. Kahanane ora beda kaya yen wong liyane duwe gawe utawa hajatan, mesti kebak pawongan sing nyumbang utawa rewang. Apa maneh iki pejabat desa, sing duweni desane.


KADOS PUNDI JANGKEPING CARIOS? KENDEL SAKEDAP DIPUN LAJENGAKEN MAOS WONTEN MAJALAH INGKANG BADHE TERBIT ^ ^ . NUWUN

Komentar

  1. Matur sembah nuwun mas. Cerita panjenengan menghibur

    BalasHapus
  2. Ceritae joss temen mas'e serem serem lucu 😁

    BalasHapus
  3. Aduh kak saya perlu gugel translit nih bacanya

    BalasHapus
  4. Rodok mistis hawane kang hh

    BalasHapus
  5. keren kreatif kunjungi juga blog.rajait.id

    BalasHapus
  6. Saya baca ceritanya harus ditemenin sama yg paham bahasa jawa😭, saya gk jago bahasa jawa soalnya

    BalasHapus
  7. Keren sekali ceritanya, mantap teruskan 👏

    BalasHapus
  8. Sangar tapi oke ceritane... Mantul ditunggu artik selanjutnya

    BalasHapus
  9. Walaupun saya orang jawa, tapi butuh berfikir keras juga buat mahaminya 😁

    BalasHapus

Posting Komentar